NASIBE PAK SAMIUN
Penerbit : karunia surabaya
Penulis : koessunaryono
Tahun terbit :1989
Tempat : surabaya
sinopsis
Pak samiun sawijining tukang becak kang manggon ing kampung
arjosasi. Dheweke disenengi karo tangga teparone sarta wong wong ng sakupenge
kampung kono, amarga grapyak semanak, lan ngajeni marang sapa wea. Dheweke akeh
langganane. Meh sabendinane dheweke ngeterake langganane kang dumadi saka bocah
bocah sekolah dasar. Ing antarane langgana mau, ana bocah sedulur kang isih
ngancik ing tataran sekolah dasar klas 4 lan klas 5. Arane astri lan yani. Pak
pawiro, wong tuwane bacah kekarone seneng marang pak samiun. Sadurunge budhal
ngeterake, dheweke ajeg disuguhi kopi deningbbu pawiro. Sawijining dina, nalika
bocah loro lagi mudhun saka becak, astri sikile kecantol becak mau. Dheweke
tiba mengkureb. Dhengkule gubras getis. Weruh kang kaya mengkono mau,pak samiun
enggal-enggal aweh pitulungan. Pak samiun tumuli enggal enggal mbopong asri digawa
mlebu menyang klas, dene yani ngetutake saka mburi karo prembik prembik arep
nangis. Ing njeri klas kono kapinujon wis rawuh, nuli enggal enggal ngobati
tatune asri. Weruh patrape pak samiun kang nduweni rasa welas asih mau,pak guru
penggalihe krasa trenyuh,ing atase pak samiun kalebu wong liya braya karo
kulawargane asri. Pak samiun kalebu wong kang kavingkrangan. Uripe nggantungake
marang penghasilane anggone mbecak ing sabendinabe. Kaya biyasane,esuk iku pak
samiun wis teka ing omahe pak pawiro saperlu ngeterake asri lan yani. Nanging
esuk iku polatane katon suntrut. Pak pawiro kang weruh glagate pak samiun sing
katon susah tanggap ing sasmita. Bareng didangu apa sebabe dene katon susah,pak
samiun matur terus terang yen ora bisa mbayar sppne anake kang saiki isih klas
6.pak pawiro kadudut penggalihe, mula klawan eklhas, pak samiun tumuli
diparingi dhuwit dening pak pawiro minangka kanggo mbayar sppne anake. Nanging
kaya ngapa kagete pak samiun, nalika arep njupuk dhuwit paringane pak pawiro
ing clanane, pranyata wis ora ana. Sakala panone smrepet,lan guwayane pucet. Dhweke
ora ngerti apa kang bakal katindakake. Biasane mung lungguh dheleg dheleg. Klawan
ati bingung dheweke clilengan ing sadalan dalan mbok menawa dhuwite ceblok ing
ndalan. Dheweke wis ora perduli karo ramene lal lintas ing dalan raya. Butuhe
mung daya daya bisa enggal nemukake dhuwite kanggo mbayar sppne anake.nanging gusti
kang maha kuwsa nggarisake liya. Tanpa weruh sangkan paraning bilahi, dumadakan
ana colt lumaku banter nyamber pak smaiun sakayange. Becake pak samiun ajur
mumur,dene pak samiun dhewe tiba klumah. Awake gubras getih,lan jiwane wis ora
bisa dikukup maneh. Kabar ngenani tiwasevpak samiun agawe kagete masyarakat ing
arjosari. Kabeh pafha prihatin marang musibah kang dialami dening pak smaiun. Dene
pak pawiro lan kepala sekolah SDN. Arjosari, panggonane astri lan yani nuntut
ilmu, tumuli maringi sumbangan sacukupe marang kulawargane pak samiun, dene
samidi anake pak samiun kang isih klas 6 mau banjur dipundhut dadi anak angkate
Bapak kepala sekolah
Amanat : saben nang dalan raya kudu ati-ati ben selamet
lan dadi wong kudu grpyak semanak, lan ngajeni marang sapa wae.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar