LELAKON URIPE PRI
(SOLOPOS, 9 JANUARI 2014)
Pri lagi wae mulih anggone kerja, awake kesel banget. Kerja
minangka kuli angkut pancen nggawe awak remuk, nanging pengasilane ora mingsra.
Tekan omah pengene disuguhi eseme bojone, sukur-sukur dicepaki wedang lan
dipijeti. Ora ketang mung iku nanging wis bisa marai awak marem. Nanging bab
kaya ngono sasat ora nate dialami dening Pri, aja kok dipijeti, disuguhi ulat
padhang bojone wae ora tau. Anane mung nesu-nesu wae.
“Ora ana dhuwit nggo tuku kopi, nggo nempur beras wae
megap-megap. Rega kabeh mundhak, anak sansaya gedhe, mbutuhke wragad. Nduwe
bojo ora bisa dijagakke pengasilane,” Lastri ngomel-ngomel karepe dhewe.
“Wong mbok aja nesu-nesu wae ta, apa aku iki ora tau
nggolekke pangan, tak rewangi dadi buruh angkut, kesel-kesel tekan omah isih
wae mbok semprot, lek mu kebangeten kuwi lho Las,” Pri kebrongot, dhasare
hawane ya kesel dadi kudu nesu.
“Buruh angkut ki asile sepira? Yen aku ora ngewangi dadi
buruh umbah-umbah paling ya kendhil wis nggoling. Mbok kana lunga golek dhuwit
sing luwih gedhe. Wong lanang kok ora trangkas blas,” omongane Lastri sansaya
sengak.
“Mbok kira gampang apa urip ning paran? Durung mesti isa
entuk dhuwit gedhe, apa isih kurang lek ku nyambut gawe sasuwene iki? Lak ya
ora nganti ora mangan ta? Kowe ki dadi wong ora tau bersukur,” Pri emoh kalah.
“Ya wis, nek ngono aku sing lunga wae yen sampeyan ora
gelem,” panantange Lastri.
“Sakarepmu,” bengoke Pri karo metu saka omah. Luwih penak
cangkruk nang wedangan tinimbang diamuk bojo wae.
Satekane ing wedangan, Pri dadi bahan olok-olok wong-wong
sing padha cangkruk ing kono.
“Ngapa Pri? Diamuk mbok wedok maneh?” aloke Saptono karo
mangan sate keyong.
“Mesakke men uripmu Pri, wong lanang kok korban KDRT,”
imbuhe Darmo, bakul wedangan. Dheweke wis jeleh krungu tang-teng-tang-teng
krompyang, Lastri mbalang apa wae kang dicekel.
“Kandhani kok lik, aku ki pancen korban KDRT, ning ora ana
sing percaya, mergane korban KDRT biasane wong wedok,” Pri nguntabake
uneg-unege marang kanca-kancane.
Ing wedangan, Pri bisa nglalekake lelakone raketang sedhela.
Jan-jane ya luwih seneng ngudharasa karo bojone dhewe sambi ngombe wedang ing
omah, ning kuwi tangeh nganggo lamun. Piye maneh, kahanan ora sarujuk karo
kekarepan. Pri ngerti, ora apik ngumbar wewadi bale somahe , nanging dheweke
bingung arep cerita karo sapa. Tinimbang sumpeg, luwung ngomong ngalor ngidul
sambi gegojegan. Tur ya wis akeh sing weruh yen anggone omah-omah wis ora sehat
maneh. Saben padu, Lastri mbengoke sora banget, kathik karo nguncalke
barang-barang sakarepe dhewe, kepriya tanggane ora krungu. Pri mung bisa nyoba
sabar, amarga mbiyen le omah-omah karo Lastri ya pilihane dhewe, ora merga
dipaksa dening wong tua. Lastri, kembang desa kang lugu lan alus bebudhene
saiki kok malik grembyang. Pancen cupete kahanan ekonomi bisa ndadekake wong
kalap. Ah, apa aku ki salah pilih, batine Pri.
“Kang, aku titip
Abed, aku lunga menyang Hong Kong sasi ngarep,”
Pri njomblak, kaya krungu bledheg ing wayah terang. Ora
ngiro sing wadon bakal nekad kaya ngono. Wing-wingi dheweke amung nggertak. Kok
ya nggawe keputusan sakarepe dhewe, ora njaluk pertimbangan dheweke minangka
kepala rumah tangga.
“Apa? Kowe ngomong apa, Las?”
“Aku arep lunga dadi TKW. Mbak Ri, anake budhe nawani aku
kerja nang kana. Kabeh wis diurusi dhekne, aku mung kari mangkat,” jlentrehe
Lastri, entheng banget.
“Kowe nindakke kuwi karo sesidheman ngono? Ora njaluk
pertimbanganku sik? Aku ki apa ra mbok anggep maneh? Aku iki bojomu, kepala
rumah tangga,” Pri kecandhak atine, rumangsa ora dianggep maneh.
“Yen aku ngomong karo sampeyan, mesti ora bakal mbok
setujoni, Kang. Aku ora betah urip nyenen-kemis kaya ngene terus. Yen pancen
kepala rumah tangga ora isa dijagakke, ngapa aku kudu njagakke? Luwung aku
lunga golek upa dhewe. Ra sah sumelang, aku ora bakal lali kirim dhuwit kanggo
sampeyan lan Abed,”
“Yen pancen awakmu puguh pengen kerja, apa ya ra nang
Indonesia wae, ora usah adoh-adoh ngono Las, mesakke anakmu,”
“Luwih mesakke maneh yen anakmu kuwi ora mangan, Kang. Wis
aku aja mbok penging maneh, tekadku wis manteb pengen golek dhuwit gedhe,”
Pri ora bisa kumecap maneh, arep mbantah, dheweke ora bisa.
Rumangsa salah. Nanging ya apa kudu terus njupuk keputusan sak geleme dhewe?
Lastri.. Lastri.. pancen nggawe jibleg ing pikir.
“Bapak, ibu teng
pundi?” takone Abed marang Pri, nalika weruh kancane diboncengke ibuke.
Krungu pitakone anak lanange sing umur limang taun iku, Pri
kranta-ranta. Atine kaya diiris-iris. Melas.
“Ibu nggolek dhuwit Le,” wangsulane Pri, lirih.
“Kok mboten wangsul-wangsul? Abed kangen ibu,” ngomong kaya
ngono karo rada mbrabak, pengen nangis.
Pri ngekep anake, direh-reh supaya meneng. Sak angel-angele
ngereh-reh anake, isih luwih angel ngereh-reh atine dhewe. Pri nangis, senajan
ora metu luhe, nangis ing njero batin, ora mental nyawang kahanane anake.
Wis rong taun iki Pri ditinggal bojone ing paran. Mbiyen janjine
mung setahun tok nang kana. Nanging mbuh kenapa dumadakan dheweke ngabari yen
kontrake diperpanjang. Mbiyen bojone iku isih asring aweh kabar, nakonke Abed,
anake. Rutin kirim dhuwit, pokoe yen masalah finansial ora tau kurang. Senajan
kiriman dhuwit bojone bisa kanggo ndandani omah lan ongkos mlebu TK ne Abed,
nanging tetep ana sing kurang. Bocah seumuran Abed kudune isih entuk kawigaten
saka simboke. Nanging kuwi ora dinduweni Abed, amarga kawit cilik wis ditinggal
simboke. Saiki, Lastri wis ora tau aweh kabar maneh, ora tau kirim dhuwit, lost
contact, kaya ilang diuntal bumi. Ditakonke marang keluwargane ya padha ora
mudheng.
Kanggone Pri, wis ora penting maneh Lastri isih kelingan
dheweke apa ora, isih gelem karo dheweke apa ora. Ora penting. Sing dadi
pikirane Pri amung anak lanange siji kuwi. Jan-jane dheweke ora betah saben
ndina ditekoni anake ing endi simboke. Bocah sing isih polos kasebut mung
pengen pethuk simboke, ora ngerti kahanan urip sing sabenere.
“Dhuh Gusti, paringana pituduh ing endi dumununge Lastri,
mesakke lare kula Gusti,” tangise Pri sabubare sholat.
Amarga nyambutgawene tumemen, Pri oleh kapercayan dening
Kaji Rusman, bose Pri, ngopeni kios buahe. Dadi awake saiki wis ora nguli
maneh. Tur ya wis bisa kredhit motor. Panguripane wis lumayan. Ora nyenen-kemis
maneh kaya sing mbiyen diomongke Lastri. Jan-jane Pri wis bisa nyenengke
Lastri, upama Lastri gelem mulih.
Lagi wae sibuk ngladeni pembeli, dumadakan Pri dikagetke
karo sawijining wong sing mbengok karo mlayu gopoh-gopoh.
“Kang.. Kang Pri.. bojomu bali,” ngono bengoke Jumadi, anake
paklik-e sing manggone tunggal gedheg karo omahe.
“Ana apa Jum? Kene kene ambegan sik, kowe omong apa mau?”
“Bojomu bali kang..,”
“Bojoku? Lastri? Tenanan kowe? Bed.. Abed.. ibumu bali, Le,”
Pri ora bisa ndhelikke rasa senenge. Abed kang mbeneri melu bapake dodolan
amarga libur sekolah melu seneng krungu kabar kaya ngono.
“Iya kang.. Yu Lastri bali…”
“Alhamdulillah Gusti, ayo Jum bali, Sir Basir.. tungganana
kiose sik ya, aku tak bali,” Pri ora sranta selak kepengen mulih. Kiose
dititipke kanca sebelahe.
“Eh sik kang…” Jumadi bingung anggone pengen cerita.
“Ana apa maneh? Ayo mulih tak boncengke,” perintahe Pri
samba nyetater motor.
Tenan, tekan omah wis ana mobil diparkir ing ngarep omahe
Pri. Pri ora maelu, dheweke langsung mlebu omah nggoleki Lastri.
“Lastri…,” bengoke Pri kanthi swara kang banter. Ing omahe
wis ana wong wedok sing dandanane lumayan high class lan kanthi praupan
beda, nanging isih bisa disetiteni yen iku pancen Lastri. Abed kang weruh
ibuke, senajan pangling, langsung mlayu ngekep simboke karo nangis, kangene
bocah iku pancen wis tekan mbun-mbunan.
Yen Abed langsung mlayu ngekep simboke, ora ngono kanggone
Pri. Ing ndalan mau pancen Pri pengen nindakake kaya sing dilakoni Abed,
nanging kuwi wurung, amarga Lastri ora mulih dhewekan. Ing sandhinge ana priya
mawa mripat kalup lan kulit kuning. Yen gelem nyetiteke maneh, badhane Lastri
uga beda. Ana nyawa kang urip ing wetenge Lastri. Pri wis bisa nggraita.
“Ibu.. ampun tindak malih, Abed kangen ibu..” kekepane Abed
dikencengi maneh. Kudune minangka simbok, Lastri mbales ngekep. Nanging ora
kaya ngono kedadeane. Lastri ngeculke Abed. Abed bingung.
“Ibu.. ibu.. lak mboten tindak malih to?” takone Abed marang
Lastri, polos.
Lastri ora wangsulan. Malah dheweke ngomong karo Pri.
“Kang Pri, aku ora usah ngomong, mesthine sampeyan wis bisa
ngira. Tekaku mrene iki mau pengen njaluk pegat. Aku butuh surat resmi pegatan.
Amarga aku arep urip nang Hong Kong melu Koh Ahong. Dheweke sing bisa nggawe
aku seneng sasuwene iki. Tak jaluk lilamu, aja ngarepke aku maneh,”
Emosine Pri ora bisa kebendhung maneh. Yen mung ditinggal
lunga suwe awake isih trima, nanging yen diidak-idak harga dirine kaya
ngene, dheweke ora trima. Dheweke mbengok seru banget.
“Pikiranmu mbok deleh ngendi Las? Olehmu kegiwang mripat
kalup kok bangeten men. Aku wis biasa mbok idak-idak kawit mbiyen. Aku trima
terus Las, aku trimaaaa. Pancen aku ki ora bisa nyenengke kowe, aku iki wong
kere, Las. Kere.. sing ora ana ajine tinimbang klaras. Ora papa yen aku mbok
tinggal minggat, ning apa kowe wis ora nduwe ati ninggal anakmu sing saben
ndina nakonke nang endi simboke? Tega kowe Las? Mbok modhel apa kowe ki?”
Lastri ora wangsulan. Koh Ahong ing sandhinge amung bisa
plonga-plongo, ora mudheng padha ngomong apa kok nganti nesu-nesu.
“Lastri, dina iki, kowe tak pegat! Saiki kowe wis ora
bojoku, minggata kana nang Hong Kong, seneng-senenga. Aku isih nduwe Gusti sing
paring piwales marang kowe,”
Lastri metu saka omah karo nggeret tangane demenane. Abed
sing mau arep nututi simboke karo nangis. Dipenging bapake, bocah iku diruket
kenceng.
“Ibu… ampun tindak malih.. Abed kangeenn,” bengoke Abed,
ngiris ati.
Pri amung bisa meneng. Nyoba tatag ngadhepi
kahanan kaya ngene. Pancen iki lelakon urip sing kudu diadhepi. Garising
pepesthen sing ora bisa diselaki

