SIMBOK PENGEN AKU
WISUDHA (Majalah PS, edisi 37, 14 September 2013)
Wis adate, yen pitakonan bab status gak bakalan entek. Kapan
lulus? Nek wis lulus, takone ganti kapan kerja? Nek wis kerja terus ditakoni
kapan nikah? Nek wis nikah mesti wae takone kapan nduwe anak? Lan sak teruse.
Kaya aku iki, kaya wanuh-wanuho (bosen-boseno) yen ditakoni
babagan kapan lulus. Haish marakke anyel tenan kok. Mbok ora usah ditakoni,
mengko rak ya lulus dhewe ta ya. Sak jane aku ya durung telat banget yen ameh
lulus, hla wong isih semester 8 lho. Apa lulus kuwi kudu 3.5 tahun, normale kan
4 tahun. Tur yen meh nambah semester ya isih diwenehi kalodhangan nganti 14
semester utawa 7 tahun.
“Kae si Fitri ngarepan, jarene wis lulus, kari ngenteni
wisudha, kowe kapan?,” takone simbok mbeneri pas aku mulih omah.
“Mengko rak ya lulus dhewe Mbok, rasah meri karo tangga,”
wangsulanku sak kenane.
Pancen aku jarang basa karo simbokku, nanging ora ateges aku
ora nduwe sopan santun. Umurku karo simbok kaya mbakyu-adhi, lha wong simbokku
isih cilik wis dinikahke. Dadine ya kaya ngene, sesambunganku ora kaya
mbok-anak, nanging kaya mbakyu-adhi.
“Piye ta bocah iki, gek kowe ngapa ora ndang lulus-lulus.
Kuliah ora, lulus durung,”
“Ya beda lah Mbok, aja dipadhak-padhakke. Fitri kae ora
ngobyek, gaweane gur kuliah tok, materi skripsine ecek-ecek, gek dosene gampang
sisan, yo pantes nek ndang lulus. Emange aku?,”
Ngene ki hlo nek nduwe wong tua kolot. Saka njaba pancen
ngonokui, yen luluse cepet tegese bocahe pinter, sregep. Suwalike, yen luluse
rada suwe, ateges bocahe kesed, kendho. Padhahal kan ora kaya ngono, akeh
faktor sing kudu digatekke. Hadeh sing enom kudu sabar.
“Mbok, Fitri kae IP-ne adoh nek dibandingke karo aku, IPku
iki 3.86, Fitri mung 3.01. Ya pancen luluse cepet, tapi apa iya seneng, lulus mung
bijine mepet ngono?,” aku emoh kalah.
“Heh, apa ya tangga teparo nggagas IPmu pira? Penting ki
luluse. Yen kerja IP apa ya penting? Apa ya ditakokke?” Simbok ya ra gelem
kalah.
Simbok iki jan, sok tau tenan. Yen kerja sak nggon-nggon
pancen IP ora digagas, nanging yen meh mlebu instansi yen IPne cendhek apa ya
tetep ora dipertimbangke. Magkel tenan nek padu karo wong tua ki.
“Mbokk..Fitri kae mung mahasiswa kupu-kupu,
kuliah-pulang-kuliah-pulang. Beda karo aku, sakliyane kuliah, aku isih ngurusi
organisasi, ngelesi, dadi trainer outbond, isih kae, isih iki, aku sibuk Mbok.
Senajan ngono bijiku luwih dhuwur saka Fitri sing mahasiswi waton mlebu kae.
Dosen pembimbingku iki master Mbok, sing paling pinter sak kampus, dadi
skripsiku ya dadine suwe, kaya jarene wong-wong kae hlo, ana rega ana rupa.
Simbok ki, mbok aweh dukungan karo anake sithik wae kok ra tau. Sak jane aku ya
pengen ndang lulus Mbok, ning ya piye maneh, dalane wong beda-beda,” aku
ngeciwis dawa karo mbrebes mili, gregeten.
Krungu omonganku, Simbok mung meneng, banjur ngekep aku.
“Apuranen Mbokmu iki ndhuk, aku mung pengen ngerti kowe dadi
sarjana,” ujare Simbok, lirih.
Wis rong sasinan aku wegah saba kampus. Piye ora wegah, dosen angel temonane,
ketambahan akeh sesawangan wong nganggo seragam ndhog ceceg, kae hlo seragam
putih ireng, tegese sing nganggo kuwi ameh pendadaran utawa sidang skripsi.
Byuhh.. rasane ning ati pancen serik banget.
Nanging dina iki aku kudu nyang kampus, tak tatag-tatagke atiku. Lembaran konsul
wis tak siapke, langsung capcus ning ruangane Sang Master. Dienteni suwe ora
ndang rawuh-rawuh, aku karo kanca-kanca sansaya jengkel. Pembimbingku iki jan
PHP tenan kok, kuwi lho istilahe cah enom saiki, Pemberi Harapan Palsu.
Ngendikane jam semene, rawuhe jam semono, ngendikane rawuh dina Rabu, jebule
malah Sabtu. Jian marakke mood ilang tenan.
“Piye iki cah? AD 8843 JB durung ana tandha-tandha bakalan njedul,” Ika,
kancaku sak konsulan miwiti omong, nganti nyebut plat mobile Sang Master, saking
apale.
“Ho’o ki, jan bapake kudu tak ciwel tenan kok,” Yanita sing paling gampang
getem-getem melu-melu nimpali.
“Emang kowe wani meh nyiwel bapak’e? Ya ciwel kono, bar kuwi kowe ditendang
saka ruangane, terus ora gelem dadi pembimbingmu, haha,”
Gerr kabeh padha ngguyu. Ya mung ngeneki carane ngelipur ati, ngerasa senasib
sepenanggungan. Pancen pembimbingku iki sing durung ngluluske mahasiswane
siji-sijia. Aku mung meneng ora melu guyon kanca-kanca, pancen lagi males.
Dumadakan ana hape muni. Jebule hapene Yholanda. Bubar maca sms, raine dadi
malih ora penak.
“Ngapa Yho, raimu kok malih pucet ngono? Diputus yangmu ya?” Melanie sing
omongane nyablak sajak ora sabar pengen ngerti ana warta apa.
“Mbahmu kuwi, ora len. Iki sms saka Pak Achmad,”
“Lah, dibales? Piye, bapake isa rawuh gak?” aku sing kawit mau meneng wae
akhire melu penasaran.
“Emm.. anu cah, jare bapake tindak ning luar negeri suwene rong sasi, dadi
bimbingane diundur nganti panjenengane kondur,” Yholanda kandha karo salah
tingkah.
“Heh… apaaaa? Huaa kapan luluskuuu,” bengokke bocah-bocah bebarengan. Koor.
“Wah, nikahanku sida diundur ki,” alokke Silvi, lirih.
Aku ya gela, ning ora melu lemes kaya cah-cah. Wis biasa di-PHP, dadine wis
kebal. Tak coba ngelipur atine kanca-kancaku. Dumadakan hapeku muni, simbokku
nelpon.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar