Sabtu, 20 Januari 2018

Kumpulan Geguritan











Kumpulan Geguritan                          

ANGIN SUMILIR

Angin sumilir ing kampungku
Ana antarane godhong-godhong tebu
Gemrisik adhuh isise, adhuh segere
Dene srengenge abang mbranang
Saka kulon katon nyenengake
Angin sumilir ing kampungku sore iki
Nggawa layangan mumbul dhuwur
Kayadene nggawa angen-angenku
Melu mumbul ing tawang
Nggayuh lintang-lintang
Angin sumilir ing kampungku sore iki
Ngajak bocah-bocah ngundha layangan
Ghuwure ngluwihi angen-angene
Ngluwihi impene ing wengi
Sabanjure
Canggu, 1997

SRENGENGE ESUK IKU

Sumunare srengenge esuk iku
Kayadene sumunare dina-dina liyane
Katon abang mbranang ana wetan
Nanging kok rasane rada seje
Abange nengsemake
Endah wernane
Sumunare srengenge esuk iku
Nggawa senenge atiku
Amarga ibu ngasta roti
Kanggo ulang taunku
Ana latar njaba, kembang mlathi
Lan anggrek, padha ndherek
Gumuyu
Mojokerto, 2003 (geguritan, Aming Aminoedhin)
 LAYANGAN

Kayadene layangan ana ing tawang
Awakku kagoyang-goyang
Sing ditali benang nanging ati kebimbang
Layangan iku pedhot
Tiba ngleyang embuh nyang endi parane
Aku ora ngerti atiku kaya pepes susahe
Kayadene layangan kang pedhot
Atiku sumedhot, ninggali benange kang ruwet
Diudhari angel lan njlimet
Ati lan pikirku ruwet
Ngawi, 1996

LAYANG SAKA IBU

Kutha surabaya ndadekake kowe lali
Marang kuthamu dhewe ngawi
Sing saben malem setu legi
Nanggap wayang ana pendhapa bupati
Kowe mono bocah sing seneng
Penekan ana wit-witan wetan omah
Ngundhuh dhondhong utawa pelem
Karo nembang ‘gajah-gajah’
Kadhangkala mbokya muliha
Cerita babagan rejeki sing tumpah-ruah
Kanggo budhal menyang Mekkah
Kutha surabaya ndadekake kowe lali
Kayadene laline wong kang nepi
Sabanjure, dina kuwi uga aku mulih
Menyang kutha ngawi, mumpung
Isih ana wektu. mumpung isih bisa mlayu
Ibu aku mulih, mesthi ora gawa impenmu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

majalah penyebar semangat

LELAKON URIPE PRI (SOLOPOS, 9 JANUARI 2014) Pri lagi wae mulih anggone kerja, awake kesel banget. Kerja minangka kuli angkut panc...