“SANG PANGERAN PATI”
Fitri Gunawan
1. Identitas Novel :
Penulis : Fitri Gunawan
Penerbit : Q Publisher
Tahun Terbit : 2013
Tebal : 203 halaman
1. Sinopsis
Novel kanthi judul “SANG PANGERAN PATI” dening Fitri Gunawan
kuwi nyeritakaken lika-likune dunia jurnalistik kang kabuntel roman dhimen
krasa kuwih nges kang duwe peran utama yaiku Suryo Baskoro.Suryo Baskoro kuwi
priya kang duweni pasuryan bagus pideksa,pinter,andap asor,pinter
sesrawungan,lan pinter gawe ati para wanita luluh. Suryo Baskoro dadi wakil
ketua redaksi ana ing perusahaan koran Cahaya Kita makili Prihastuti Kusumo
kang dadi Ketua Redaksi Cahaya Kita amarga perusahaan koran iku duwene kang
rama Broto Kusumo. Suryo Baskoro di wenehi dening Broto Kusomo kanggo dadi
wakil amarga di yakini bisa gawe Cahaya Kita luwih maju, Surya Kusomo ora
nyia-nyiakaken jabatan kang diparingi karo Broto Kusumo,malah Suryo wis di
anggap kaya anak lanange dewe marang pak Broto. Prihastuti kang biasa di
timbali mbak Tuti marang Suryo uga wis nganggap Suryo adhine dewe. Deweke
percaya sakpenuhe marang Suryo dadi tangan kanane deweke. Marang kanca-kanca
kantore Surya di sebut pangeran pati amarga apa wae tugas kang di wenehake
marang Suryo bakal beres ora ana sek kececer senajan deweke kang nggarap santai
kaya ora ana beban beda karo karyawan liyane. Suryo duweni program kerja anyar kanggo
karyawane nanging karyakan kang di anggap bisa gawe Cahaya Kita dadi luwih
apik. Nanging saka program kerja sing anyar kuwi Suryo tumindak culika,Surya
dumadakan dadi milyader amarga nampa cek saka Kanwil Mardi Putro deweke di
paringi cek 50 yuto amarga tumindak culika marang Cahaya Kita,nanging Suryo uga
duwe konflik batin,sebarenge deweke dadi milyader malah sisihan atine
Surtikanthi ilang saka regeman amarga keputusane kang rama Suryono amarga Suryo
di anggap ora akeh banda. Nanging Suryo ngrasa marem merga bisa buktikna yen
bisa dadi milyade senajan hasil saka tumindak culikane marang kode etik
jurnalistik. Suryo ngotak atik berita,molak malik kabeneran amarga ngrasa
dendam marang Suryono kang wis tau ngina Suryo. Rampung saka masalah internal Suryo
di adepi karo masalah eksternal,Suryo ngrasa deweke kendel karo Basuki
(Koordinator Liputan) lan Sri Wahyuni ( Redaktur Opini). Nanging pemimpin
redaksi Prihastuti luwih kendel amargi wani nolek perintahe Walikota Aryo
Guritno sing mrentah supaya artikel tulisan anak buahe Prihastuti kudu enggal
enggal di cetak. Naging saka gambaran kendel kuwi Prihastuti uga duwene rasa
welas asih amarga deweke ngrangkep dadi wakil ketua perusahaan,wong kang
ayu,pinter,welas asih iku gamabran saka Prihastuti Kusumo. Penggalihe
Prihastuti muncak menawa ngerti yen Suryono manfaatke Cahaya Kita kanggo
mborong Koran pesainge supaya mati pasarane lan dadi tamabah sugih. Saka
tumindak kuwi Broto Kusumo krungu langsung nganakake rapat keluarga karo
Prihastuti lan adine Wisnumurti Kusumo ngrubah struktur organisasi nang
perusahaane Suryo kang jabat dadi wakil ketua redaksi mudun dadi redaktur
teknisi. Prihastuti dadi pemimpin umum/ pemimpin perusahaan,Wisnumurti dadi
ketua redaksi lan wakile di ganti karo Basuki.
Saka masalah masalah kang di gawe karo Suryono,Suryono kaya
duweni musuh piranga pirang, Suryo di culik karo utusane salah sijine calon
gubernur amarga pawarta kang di wolak walik kabenerane marang Suryo,deweke di
utus marang kangmase Guritno sing uga nyalon dadi gubernur. Masalah iki klebu
masalh klimaks saka novel SPT iki. Suryo di sekap ana ing hotel karo wong papat
utusane pesainge kangmase,kang dadi penyelamet ana ing kedadean iki yaiku
Surti,Surti di kabari adhine Suryo,Suryawati Suminar yen kangmase ora mulih
rong dina awit budal kerja. Surti kaget krungu kabar kuwi banjur age age luru
Suryo nganggo tgeknologi canggih yaiku pendeteksi tempat kanng wis tau di
pasang deweke ana ing plat nomer mobil X-type kendaraane Suryo. Sak banjure
Suryo ketemu ana ing hotel,kmondisine Suryo mrinani banget,mripate di
tutupi,tangane di banda ngansi pingget. Deweke kaget weruh Suryo ana ing
kondisi kaya iku,Suryo banjur age age di gawa metu,petugas hotel arep lapuran
polisi nanging di penging marang Suryo amarga yen lapur polosi Suryo bakal
luwih cilaka. Surti banjur nakoni Suryo kaya wartawan lagi nakoni narapidana
Korupsi ora ana late,orana ana bare nanging Suryo mung nanggepi kanthi santai
amarga Suryo wis ngerti yen kuwi resikone. Ucul saka masalah kang wigati kuwi
Suryo malah entuk rejeki nomplok amarga deweke bajur bisa nggarbini
Surti,banjur deweke malah melu Surtikanthi menyang Amerika nerusake pendidikan
S3 ngancani bojone kang entuk beasiswa kango neruske dadi doktor,wis ngono
kaluwargane Prihastuti isih nyangoni kanggo uripe Suryo lan Suti ana ing
Amerika,ora mung kuwi wae,Suryo uga entuk duwit saka Aryo Guritna kangmase
amarga berhasil dadi Gubernur saka pangorbanane Suryo. Banjur suryo karo
Surtikanthi urip tentrem ana ing Amerika.
Amanat :
ngajarake kejujuran lan keseliaan marang wong liya lan
ngajaraken carane andap asor,welas asih lan tegas karo keputusan,nanging ora
semena-mena karo bawahan.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar